MC
PITONAN
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim, Alhamdulillahirobbil
Alamin, wabihi nastain wa’ala umuriddunia wa din. Wassolatu wassalamu ala
Sayyidina Wamaulana Muhammadin wa’ala alihi wasyohbihi ajma’in amma ba’du.
Almukarrom poro alim, poro kyai soho poro ustadz
Ingkang kawulo mulyaaken poro sesepuh, pini sepuh
lan aji sepuh ing tlatah dusun setono pundung mriki,
Ingkang kawula hormati Bapak Rosyidin Soho Ibu Siti
Na’imah ingkang kagungan hajat niat inggih puniko mitoni yoganipun ingkang
paring asma Muhammad Brian Azzaidan
ingkang sampun usia 7 bulan saking lahiripun.
Lan ingkang kawulo mulyaaken segenap tamu undangan
soho grup sholawat sekar wangi
saking tlatah Karangrejo, Kabupaten Tulungagung.
Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji
syukur dumateng Gusti Allah, kanthi rahmat hidayahipung kito saget makempal
wonten dalem pak Rosyidin sak keluargi kanti keadaan sehat wal ‘afiyat mboten
wonten kekirangan setunggal punopo monggo kito ngucap “alhamdulillahirabbil’alamiiin”
Saklajengipun, salawat ugi salam mugi tansah katur
kunjuk dumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang dados uswatun hasanah,
mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil qiyamah, aamiiin
allahumma aamiiiin.
Poro rawuh tamu undangan ingkang berbahagia, acara
kaping pisan inggih puniko pambuko, kaping kalihipun waosan qiroatil qur’an,
kaping tigo inggih puniko waosan barjanji, kaping sekawan waosan sholawat
saking grub sholawat sekar wangi, kaping gangsal waosan asroqol lan nyukur
rambut saking Muhammad Brian Azzaidan ingkang terakhir doa lan penutup.
Moggo kito bikak sesarengan adicoro dalu puniko
kanti waosan ummul Qur’an.
‘Ala hadihinniyah wabi syafa’ati Rosulillah wakulli
niyatin sholih wa hajatina wahajatikum syaiulana lahumul fatihah …..
Saklajengipun waosan qiroatil qur’an saking grup
sholawat sekar wangi, ingkang kajibah wekdal soho sasono nyumanggaaken.
Saklajengipun waosan barjanji lan waosan sholawat
saking grub sholawat sekar wangi. Sollu’alan nabii Muhammad..
Poro rawuh tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken,
ndungkap adicoro ingkang terakhir doa, kasuwun barokah doa saking bapak kyai…..
wekdal soho sasono nyumanggaaken.
Poro rawuh tamu undangan ingkang kawulo hormati, alhamdulillahirabbil’alamiin
adicoro sampun kalampahan kanti lancar. Mugi sedoyo rangkaian adicoro ing dalu
puniko saget mbeto barokah, manfaat khususipun damel Muhammad Brian Azzaidan
ingkang di pitoni, lan lumeberipun damel kulo dalah panjenengan sami, aamiiin
allahumma aamiiin.
Kulo
minangkani pranoto adicoro nyuwun agunging sih samudro pangaksami mbok bilih
wonten klenta klentunipun atur, cekap semanten saking kawulo. Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarokatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar